Tampilkan postingan dengan label Gurit. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Gurit. Tampilkan semua postingan

Minggu, 29 Juni 2014

PANCASILA



PANCASILA


Pancasila iku jiwaku
jiwa kang murub  ngalad-alad
sulumahing bumi kamardikan
pancasila iku dharahku
dharah kang mili santer
sarandhuning jiwa perjuangan
ya jiwa kamardikan
kang makantar-kantar ora bisa ditelukake sapa bae
karana kamardikan kuwi palimarmaming Gusti
hak uriping bangsa kang nresnani wutuh getihe
ya jiwa perjuangan
kang santer nora bisa dibendung sapa bae
karana kamardikan kuwi palimarmaming Gusti
hak pembudidayaning manungsa, cipta-ciptaning ngaluhur

pancasila lan kamardikan
pancasila lan perjuangan
jiwa sekti
dharah kepahlawanan
Jejeg jejering kapribaden bangsa Indonesia.

Bingung



Bingung 

Plonga-plongo anteng kaya patung
Mubeng-mubeng kaya kitiran
Apa sejatine sing tak pikir
Ora genah kaya ngene
Bingung , iyo aku bingung
Bingung marang uripku
Bingung marang masa depanku
Dhuh gusti aku bingung

Rembulane bunder



Rembulane bunder

Nalika ana ngisor wit cemara
Aku lan slirahmu nggelar klasa
Sinambi gawa panganan
Kanggo nyawang rembulane kang bunder
Mencorong mrekah rembulane
Kaya ati ati kang lagi bungah
Bungah sesandhingan marang slirahmu
Slirahmu cah ayu kang gawe tentreming ati

Lintang malem senin



Lintang malem senin

Padhang langite kerlap-kerlip lintange
Abang ijo werna-werna ana dhuwur
Pangarepe lintang tumiba ana ngisor
Dikancani kang mas sinambi ndelok lintang malem senin
Sumribit angin ing wayah saya wengi iki
Ora ana rasa adem , atis
Anane rasa bungah sanalika jejeran
Jejeran marang slirahmu ing ngisor lintang

Pesenku....



Pesenku

Jumangkah ing wates umurmu
Wektu gawa kowe ana nyata
Pandheng,rasakna……
Legi pait kauripan
Kanca…
Akeh antarane langkahing sikilmu kang jumangkah
Ri ri kang lancip kaya landepe piso kang siap kanggo gawe loro kowe
Krikil-krikil kang lancip padha ngadeg
Pandhengo ana ngarep jurang kang jero
Saben wektu biso nibokake awakmu
Nanging…
Dalan kang aku liwati bakal ngerteni aku
Arti lan jawaban kanthi saiki kowe golek
Kowe bakal ngerti apa kuwi kauripan
Ikilah pesenku
Kanggo kowe aku mung biso donga lan njaluk pangarep-arep marang gusti