BEDHAH
KADIPATEN PANOLAN
Dumadining
Kutha Cepu
Wonten
ing pamerintahan Sultan Hadiwijaya ing jaman Kasultanan Pajang kawon perang
dening Kasultanan Mataram ingkang dipunpandhegani dening Panembahan Senopati
ing Ngalogo inggih menika Raden Sutawijaya. Amargi kawon, sedaya Kadipaten
ingkang wonten ing Kasultanan Pajang dados kekuasaanipun Kasultanan Mataram.
Ananging Adipati Panolan inggih menika Pangeran Benowo ingkang dipunbiantu Kyai
Balun mboten kersa ngaturaken Kadipaten Panolan dhumateng Kasultanan Mataram.
Panembahan Senopati ngutus
putranipun piyambak inggih menika Raden Romo supados saged mbujuk Pangeran
Benowo inggih menika pamanipun piyambak supados kersa ngaturaken Kadipaten
Panolan dhumateng Kasultanan Mataram. Ananging Pangeran Benowo kukuh mboten
kersa ngakeni kakuasaan menika, malah Pangeran Benowo nantang perang dhumateng
Kasultanan Mataram. Sinaosa kawon sekti, Raden Romo kalian prajurit ngupaya
nglawan. Ananging wonten ing perang menika Raden Romo kawon lan kenging panah
ingkang nancep ing pupunipun. Pramila, papan menika dipunwastani CEPU, mancep
ing pupu.
Salajengipun,
Raden Romo mlajeng ngaler lan kendel wonten ing satunggaling papan. Ananging
prajurit Panolan teras nguber dipunbiantu kawulanipun ingkang sami ngungelaken
kentongan. Pramila, papan menika dipuwastani Dusun Kentong. Raden Romo mlajeng
malih kaliyan ngucuraken getih. Ing salah satunggaling papan Raden Romo kendel
malih, wonten ing papan menika getihipun ingkah wernanipun abrit (merah) ngucur
ngantos dados rawa. Pramila, papan menika dipunwastani Dusun Merah. Raden romo
mlajeng malih dumugi ing salah satunggaling papan, wonten ing mrika Raden Romo
kepanggih kaliyan Raden Ronggo, inggih menika kakangipun piyambak. Raden Romo
seda wonten ing pangkonipun Raden Ronggo. Pramila papan menika dipunwastani
Dusun Tambakromo.
Raden
Ronggo ingkang kawentar sekti dipunbiantu dening eyangipun Ki Juru Mertani
ingkang cerdik gantos nyerang Kadipaten Panolan. Sedaya prajurit Panolan kalang
kabut saengga Kadipaten Panolan saged dipunkawonaken. Pangeran Benowo seda.
Mustakanipun pecah dipunkampleng dening Raden Ronggo.
Kyai
Balun mlajeng ngaler. Ki Juru Mertani mrentah dening Raden Ronggo supados nyegat
Kyai Balun wonten ing watu ageng ing salah satunggaling papan. Saengga papan
menika dipunwastani Dusun Tambakwatu utawi Mba’atu. Ananging Kyai Balun saged
uwal lan mlajeng ngilen. Dumugi ing satunggaling papan Kyai Balun saged dipuncepeng
dening Raden Ronggo. Saengga dumados paperangan. Sinaosa Kyai Balun sampun kecepeng,
ananging mboten gampil dipunpejahi. Dening Ki Juru Mertani, Raden Ronggo
dipunutus nuthuk mustakanipun Kyai Balun ngangge kendhil. Saengga Kyai Balun
seda. Pramila papan menika dipunwastani Dusun Kendilan.
Garwanipun
Pangeran Benowo inggih menika Dewi Maerah mlajeng medal Kali Bengawan Solo.
Dewi Maerah mandhap wonten ing pinggiring Bengawan Solo ing sisihing jurang.
Dewi Maerah ngupaya supados saged minggah saking jurang kanti mbrangkang lan
krengkel. Pramila papan menika dipunwastani dusun Brangkal. Wonten ing
satunggaling papan, Dewi Maerah saged dipuncepeng kalian Raden Ronggo. Dewi
Maerah ethok-ethok kersa ndherek Raden Ronggo. Pramila papan menika
dipunwastani dusun Batokan. Salajengipun Dewi Maerah saged uwal lan mlajeng
ngilen nyabrang Bengawan Solo. Pungkasanipun Dewi Maerah sayah, lajeng bunuh
diri utawi soroh rogo. Pramila papan menika dipunwastani dusun Sorogo.
Kangge
ngemut-emutaken paperangan menika, sedaya papan menika dipunwastani Cepu,
MANCEP ING PUPU.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar