Sabtu, 28 Juni 2014

Dongane Semut



DONGANE SEMUT
Awan kuwi Astri tekan omah. Dheweke lagi wae mulih saka sekolahan, banjur mlebu omah. Ing ngarepan ana bapake, Pak Tafip  sing lagi dandan vespa.
Astri                : “Assalamualaikum…..” (mlebu omah banjur lungguh ing kursi)
Pak Tafip         : “Walaikumsallam… Wis mulih nduk?”(ngadeg ninggalake vespa sing  lagi didandani, banjur mlebu omah)
Astri                : “Sampun Pak. Pak kula badhe nyuwun dhuwit. Kula nembe mawon pikantuk serat tagihan saking sekolahan.”(karo nguculi sepatu saka sikile)
Pak Tafip         : “Tagihan bayar sekolah? Bapak durung duwe dhuwit nduk.” (lungguh nyedhaki Astri sing lagi nguculi sepatu ana ing kursi)
Astri                : “Lajeng dos pundi Pak? Bu guru sampun nagih.”
Pak Tafip         : “Sasi ngarep ngono piye? Iso apa ora? Mengko Bapak tak golek-golek dhuwit dhisik.” (Pak Tafip katon bingung)
Astri                : “Nggih sampun Pak.”(Astri katon nesu. Uga langsung ngadeg saka lungguhe banjur mlebu kamar ninggalake bapake)
            Pak Tafip banjur dandan vespa maneh karo isih bingung mikir anake.
            Ora let suwe, Fery adhine Astri teka saka sekolah. Dheweke mlebu omah banjur lungguh ana kursi ing cedhake Pak Tafip dandan montor.
Fery                 : ”Pak, Bapak….  Kula nyuwun ditumbaske laptop.”(karo ngrayu bapake)
Pak Tafip         : “Laptop apa?”(takon banjur nyedhaki Fery sing lagi lungguh ing kursi)
Fery                 : “Laptop, laptop Pak. Kados computer niku Pak. Tumbaske nggih Pak!”
Pak Tafip         : “Kowe ora nyawang bapakmu sing lagi bingung iki? Bapakmu iki ora duwe dhuwit.   Kowe mbok ya iso ngerteni wong tuwa sithik tho Fer?”(nesu)
 Fery                : “Bapak iki ora adil. Kula mung nyuwun laptop wae kok malah duka.”(ngadheg)
Pak Tafip dadi uring-uringan, Fery uga katon nesu karo bapake amarga panjaluke ora dituruti bapake.
Pak Tafip banjur lunga menyang rondha kang ana ing cedhak omahe. Dheweke banjur ngombe kopi.  Pak Tafip katon sedhih amarga durung bisa nuruti kabeh panjaluke anak-anake.
Pak Tafip            : “Semut-semut cilik, pancen awakmu cilik. Nanging kabegjanmu luwih gedhe tinimbang aku. Kowe ora kudu mikir reribete wong urip kaya aku.  Aku kudu nuruti kabeh panjaluke anak-anakku.”(karo menehi lan makani roti kanggo semut-semut ing rondha kuwi)  
Krungu adzan magrib, Pak Tafip banjur lunga menyang mushola. Swara sandal japit krungu ana ing sakpinggire kuping. Tekan mushola, Pak Tafip mbukak lawang mushola banjur sholat. Ana ing sholat, Pak Tafip donga supaya bisa nuruti panjaluke anak-anake.
Pak Tafip            : “Gusti Allah ingkang Mahakuwasa, senadyan urip kula punika mung dados tiyang mlarat, nanging kula ugi kepengin anak-anak kula saget sekolah ngantos dhuwur, kula ikhlas bilih kula kados ngeten niki. Nanging kula nyuwun dalan supados kula saget nuruti panyuwunipun anak-anak kula Gusti.”(donga kanthi khusuk)
Dina esuk, srengenge katon cumlorot saka wetan.  Pak Edy tanggane Pak Tafip mbukak garasi banjur murupke mobile. Nanging amarga ora bisa murup, Pak Edy banjur njaluk tulung tanggane nyurung mobile sigh lagi mogok.
Tekan dalan, mobile Pak Edy mogok maneh. Dheweke bingung. Ora let suwe Pak Tafip liwat ana ing dalan sacedhake mobile Pak Edy mogok.
Pak Tafip         : “Mobilipun mogok nggih Pak? Kok saget kados ngeten niki Pak?”(ngadeg ing sangarepe mobile Pak Edy)
Pak Edy          : “Nggih boten ngertos Pak. Panjenengan napa gadhah rencang ingkang badhe tumbas mobil Pak? Mobil kula niki badhe kula sade mawon.”(metu saka mobil banjur mlaku menyang cedhake Pak Tafip)
Pak Tafip         : “Nggih, nggih pak saget. Mangke kula cobi nyade Pak.”
Pak edy           : “Matur nuwun nggih Pak.”
Pak Tafip         : “Nggih Pak sami-sami.”
                                    Tekan dalan pak Tafip banjur  masang tulisan ana ing mobile Pak Edy supaya mobil sing gawene mogok kuwi cepet payu. Ora let suwe ana mobil VW mandheg ana ing sangarepe mobile Pak Edy.
Pak Arya         : “Dos pundi Pak, mobilipun badhe disade nggih?”(metu saka mobil banjur nyedhaki Pak Tafip)
Pak Tafip         : “Nggih Pak. Leres.”
Pak Arya         : “Lha menika badhe disade pinten Pak?”(takon karo niliki sakkubenge mobil)
Pak Tafip         : “30 yuta Pak. Pripun?”
Pak Arya         : “Wah, menawi 30 yuta kenginggilen Pak, kula boten wantun. Mbok nggih dikirangi sekedhik!”
Pak Tafip         : “Niku sampun murah Pak. Menawi dikirangi nggih boten kirang saking 25 yuta.”
Pak Arya         : “23 yuta Pak, kula tumbas.”
Pak Tafip         : “Saestu Pak, boten kirang saking 25 yuta.”
Pak Arya         : “Nggih menawi pareng nggih 23 yuta pak.”
Pak Tafip         : “Nggih sampun Pak. Boten napa-napa 23 yuta.”
Pak Arya         : “Nggih leres. Artanipun mangke langsung langsung kula aturaken panjenengan nggih jam 3 sonten.”
Pak Tafip         : “Nggih Pak, matur nuwun.”
            Ora let suwe loro karone banjur salaman. Pak Arya pungkasane sida nuku mobile Pak Edy sing digawa Pak Tafip.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar